Minggu, 18 November 2012


KASUSASTRAN

PARIBASAN
paribasan yaiku ukara/unen unen sing tegese wantah dudu pepindhah. Bebasan yaiku tetembung sing ngemu teges pepindah. sanepan yaiku unen unen sing ngemu teges kosok balen.

  1. adhang adhang tetese embun artine, njagakake barang mung sak oleh olehe
  2.  adigang, adigung, adiguna artine, wis ora ana ajine / Asor banget
  3. ana catur mungkur artine, ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik
  4. ana daulate ora ana bengjane artine, arep nemu kabegjan ning ora sida
  5. ana gula ana semut artine, panggonan sing akeh rejekine mesti akeh sing nekani
  6. anak polah bapak kepradah artine, tingkah polah anak dadi tanggung jawabe wong tuwa
  7. anggenthong umos artine, wong kang ora bisa nyimpen wewadi
  8. angon mangsa artine golek waktu kang prayogo kanggo tumindak
  9. angon ulat ngumbar tangan artine, ngulatake kaanan yen limpe banjur dicolong
  10. arep jamure emoh watange artine gelem kepenake ora gelem rekasane
  11. asu rebutan balung artine rebutan barang kang sepele
  12. asu belang kalungan wang artine wong asor nanging sugih
  13. asu gedhe menang kerahe artine wong kang duwur pangkate mesti wae lewih gedhe penguawasne
  14. asu marani gebuk artine, njarag marani bebaya
  15. ati bengkong oleh oncong artine, wong duwe iyat ala oleh dalan
  16. baladewa ilang gapite artine ilang kakuwatane/kaluhurane
  17. banyu pnerang ora nakal pedhot artine pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
  18. bathang lelaku artine, lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
  19. bathok bolu isi madu artine, wong ashor nanging sugih kapinteran
  20. blaba wuda artine, saking lomane nganti awake dewek ora keduman
  21. bebek mungsuh mliwis artine, wong pinter mungsuh padha wong pinter
  22. becik ketitik ala ketara artine, becik lan ala nembe ketara ing mburine
  23. belo melu seton artine manut grubyuk ora ngerti karepe
  24. beras wutah arang bali men